Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Jumat, 25 Oktober 2013

[Sesorah] Pidato Melestarikan Budaya Jawa



SESORAH BASA JAWA



Assalamu’alaikum Wr.Wb.



Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya. Amin.
Bapak kepala SMA N I Mlati ingkang dahat kinurmatan
Bapak ibu guru saha staf karyawan SMA N 1Mlati ingkang kula hormati
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa alangan setungga menapa.


Wonten ing pepanggihan menika tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika Pendidikan kegem nglestariaken kabudayaan jawa. Pendidikan menika gadahi andil inggang ageng anggenipun nglesatriaken kabudayaan jawa, jalaran saking pendidikan kebudayaan menika kita saged paring ilmu saha pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten ing kebudayaan jawa. Kabudayaan jawa menika sakmenika sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi nem ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan jawa.


Kabudayaan-kabudayaan ingkang badhe ical menika saged dipun slametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi peranan ageng kagem pengkaderan generasi nem ingkang gadahi kemampuan wonten ing kabudayaan-kabudayaan jawa utaminipun kabuayaan ingkang badhe ical. Kanthi dipun biyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .

Jumat, 21 Desember 2012

[Sesorah] Pidato Perpisahan Kelas 3


SESORAH BASA JAWA

ASSALAMUALAIKUM WR.WB
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak saha Ibu guru karyawan ingkang satuhu kinurmatan, kadang kula sepuh kelas XII ingkang kula tresnani, saha kanca-kanca ingkang satuhu bagya mulya.
Saderengipun kula matur, mangga lakung rumiyen ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun maringi berkah saha hidayah saengga kula saha panjenengan sedaya saged kempal ing papan menika.

[Cerkak] Tresna Iku Ora Kudhu Dhuweni


Sore wus sampurna katekanan wengi.Wengi kang sepi tanpa swara. Adheme ubin wis ora dirasaake ragaku. Awakku wis ora bisa ngrasakake sumilire angin. Daksendeake awakku ana ing tembok, dakkekep sikil loroku kanthi rasa sedih.Aku amung bisa meneng, tanpa bisa ngucap apa-apa.Dakpandheng sliramu.Mripatku kaya-kaya ora bisa pindhah.Dakdhelok mripat kuwi mandeng kertas. Kertas kang tak kenal, foto kang ngelengake aku ana ing dina kwi….

Rabu, 16 Mei 2012

[Cerkak] Pit Ontel Abang Enom


Embuh rembulan lan pasuryan lunga menyang ngendi. Sakwijining wektu dakcoba goleki. Nanging ora ana, daksawang ana ngendi wae tetep sing diweruhi wujude ireng kayata mbengi ora ana rembulan lan awan ora ana pasuryan. Aku iki urip tapi ora bisa ndelok ngendi wae. Awaku wis wuta saka cilik, kuwi amarga bapakku dadi tukang bengkel pit. Ora sengaja ban pit sing ana ing nduwur lemari tiba kena sirahku sing mburi. Sebab menika aku dadi wuta. Ing jero omah aku krungu bapak ngundang jenengku.
“Ratna, Na, Na mrene aku nduwe tugas dianggo awakmu,” jare bapak saka njero omah.
Aku nyawuri bapak, bapak ngomong yen mengko pengajian ing mesjid aku diakon ngeterake pit ontel sing ana neng sanding wit gedang. Uwong sing nduwe pit mau wis diakon jupuk ing mesjid sore mengko. Aku manut wae pangakonane bapak.
Sore iki aku mlaku kaliyan nuntun pit ontel mau menyang pengajian ing mesjid sing ora adoh saka omahku. Aku wis apal dalan saka mesjid tekan omah. Aku krungu saka mburi yen swarane Mas Mur ngundang awaku. Mas Mur menika guru ngaji bocah-bocah ing desa iki.
“Dik Ratna, pit ontel iki panggone sinten?” jare Mas Mur ingkang genteni aku nuntun pit ontel kuwi mau.

berkunjung juga yuk!

LATEST POSTS