Jumat, 21 Desember 2012

[Sesorah] Pidato Perpisahan Kelas 3


SESORAH BASA JAWA

ASSALAMUALAIKUM WR.WB
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak saha Ibu guru karyawan ingkang satuhu kinurmatan, kadang kula sepuh kelas XII ingkang kula tresnani, saha kanca-kanca ingkang satuhu bagya mulya.
Saderengipun kula matur, mangga lakung rumiyen ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun maringi berkah saha hidayah saengga kula saha panjenengan sedaya saged kempal ing papan menika.

Kula minangka sesulihipun kelas X saha kelas XI ngaturaken panampi atur perpisahan saking kelas XII punika. Awit kadang kelas XII ingkang sampun kula anggep saderek pinyambak badhe nilarakrn sekolah punika. Nanging kados pundi malih, saben wonten pepanggihan mesti badhe wonten pepisahan. Kula saha panjenengan sami naming manungsa limrah boten kuwawi mblejani kaidah utawi takdiripun Gusti Allah ingkang maringi berkah lan hidayah.
Para rawuh ingkang kelas XII,
Kula minangka sesulih kelas X saha kelas XI ngaturaken agunging panuwun dene para saderek kelas XII sampun iklas paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur lilentu punapa-punapa kejawi naming atur pudyastuti wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, mugi sedaya amal supados kasaenan panjenengan pikantuk lilentu ingkang murwat. Supados saged nglajengaken ing sekolah ingkang luhur sageda ketampi, saha ingkang badhe langkung nyambut damel sageda pikantuk pandamelan ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi.
Para rawuh ingkang minulya
Cekap semanten mbok bilih wonten kula matur katah kekirangan utawa kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.
Nuwun.
WASSALAMUALAIKUM WR.WB

Ini tugas sekolahku, guruku menyuruh membuatnya. Tapi karena bahasa krama ku kurang lancar, jadi kebanyakan mungkin itu Ayahku yang buat =D [Maklumin]. Ini gak cuma suruh buat, tapi suruh menghafal dan praktekan~ mungkin ini pidato paling simpel dan gak rumit untuk dihafal. Semoga kalian suka aku upload untuk mempermudah kalian^^
Desintya Sari Norega [21-12-2012]

7 komentar:

berkunjung juga yuk!

LATEST POSTS