Rabu, 16 Mei 2012

[Cerkak] Pit Ontel Abang Enom


Embuh rembulan lan pasuryan lunga menyang ngendi. Sakwijining wektu dakcoba goleki. Nanging ora ana, daksawang ana ngendi wae tetep sing diweruhi wujude ireng kayata mbengi ora ana rembulan lan awan ora ana pasuryan. Aku iki urip tapi ora bisa ndelok ngendi wae. Awaku wis wuta saka cilik, kuwi amarga bapakku dadi tukang bengkel pit. Ora sengaja ban pit sing ana ing nduwur lemari tiba kena sirahku sing mburi. Sebab menika aku dadi wuta. Ing jero omah aku krungu bapak ngundang jenengku.
“Ratna, Na, Na mrene aku nduwe tugas dianggo awakmu,” jare bapak saka njero omah.
Aku nyawuri bapak, bapak ngomong yen mengko pengajian ing mesjid aku diakon ngeterake pit ontel sing ana neng sanding wit gedang. Uwong sing nduwe pit mau wis diakon jupuk ing mesjid sore mengko. Aku manut wae pangakonane bapak.
Sore iki aku mlaku kaliyan nuntun pit ontel mau menyang pengajian ing mesjid sing ora adoh saka omahku. Aku wis apal dalan saka mesjid tekan omah. Aku krungu saka mburi yen swarane Mas Mur ngundang awaku. Mas Mur menika guru ngaji bocah-bocah ing desa iki.
“Dik Ratna, pit ontel iki panggone sinten?” jare Mas Mur ingkang genteni aku nuntun pit ontel kuwi mau.
“Boten ngertos kula Mas, jare bapak mengko dheweke ngerti.”
“Ya jelas, dheweke bakal kenal karo pit iki,” jare Mas Mur karo ngampet nguyu.
“Wonten menapa? Kok njenengan saged ngerti yen wong menika bisa ngerti?”
Mas Mur malah nguyu saya banter. Dheweke nyekel sirahku karo tetep nguyu ora jelas. “Pit ontel kang mbok tuntun kuwi warnane beda, Pit ontel kuwi warnane abang enom,” Mas Mur cerita karo nguyu cekikikan.
Aku melu nguyu bar diceritani karo Mas Mur. Aku lagi ngerti yen pit Ontel wernanipun abang enom. Sadurungipun aku wuta, aku during pernah ndelok pit ontel kaya mangkono. Sakwise pengajian mesjid aku lengguh ana ing plataran cerak wit jambu ing kursi sing mungkin kayune wis tua. Ing ngarepku kaya ana wong asing, aku ora kenal swarane. Aku nyawuri uwong kang ana ing ngarepku menika.
“Jenengan putrane Pak Jendro tukang bengkel pit nggih?”jare uwong asing kan ora dakkenal.
“Inggih Mas, jenengan sinten nggih?”
“Oh, kula Bara sing nduwe pit ontel ingkang di bengkelake wonten ing daleme Pak Jendro” jare wong lanang menika, sing jenenge Bara.
“Oh nggih Mas, bekta mawon pit ontel menika Mas, pit nipun wonten ing ngarep mesjid.”
Wektune serasa mandek ing kana. Suara Mas Bara mau ilang, dheweke mungkin wis njupuk pit ontel mau. Aku kudu bali saiki, pit ontel wis dijupuk karo sing nduwe. Aku nglangkah ameh bali. Nanging ana sing ngundang-ngundang ing mburiku. Aku mandek ing kana. Uwong sing ngundang aku mau ki Mas Bara. Sanajan aku ora weruh, nanging aku ngrasa Mas Bara wis tekan cerakku.
“Wonten menapa Mas?”
“Iki bengkel gratis po? Aku durung mbayar bengkelake pit ontelku iki?” jare Mas Bara ingkang ngenehi duwit ing tanganku.
“Oh nggih, aku malah lali, matur nuwun nggih Mas.”
Aku nglajutke mlakuku nganggo tongkat saka kayu kang di gaweke bapakku. Aku mlaku lewat jembatan. Mas Bara ternyata ana ing mburiku. Dheweke nawani aku ameh diboncengake tekan omahku, Aku arep wegah awale, nanging amarga dipeksa lan wis bengi aku gelem dibonceng tekan omah. Ing dalan aku lan Mas Bara cerita-cerita.
“Oh, iya jenengmu sapa dik?” Mas Bara ngawali ngomong ndisik.
“Aku Ratna Mas.”
“Dik Ratna nggih, menapa ora bapak wae sing ngeterke pit ontel iki?” jare Mas Bara, mungkin Mas Bara ngepit lagi tekan ngarep kebone juragan Wedus kae.
“Boten Mas, kula ya anakke kudu bantu wong tuwane to Mas? Bapak nembe katah gawean ing ngomah. Sisan mau aku lagi ameh menyang pengajian lan ngeterke pit, supaya ora kakehan bolak-balik wae.”
Ceritaku kuwi malah wis tekan ngendi-ngendi. Aku wis akrab banget karo Mas Bara. Sesasi iki Mas Bara karo aku wis dadi kanca akrab. Saben dina Mas Bara ngampiri aku menyang pengajian ing mesjid. Sakwise rampung pengajiane, dheweke ngeterake aku bali. Mas Bara isih nganggo pit ontel sing kaya biasane. Jarene Mas Bara pit ontel kuwi ana sejarahe. Warna asli pit ontel kuwi sajake ireng kaya biasane pit ontel. Tapi amarga Ibune sampun seda setaun kepungkur. Pit kuwi dicat warna kang disenengi ibune. Pit ontel kuwi hadiah saka ibune amarga mbiyen Mas Bara lulus saka kuliah telung taun kepungkur. Mas Bara gemati banget karo ibune, dheweke yen diparentah mesti gelem.
Sakwijining dina swarane Mas Bara kethok sedhih banget. Aku takon nanging Mas Bara ora nanggepi. Aku ora isa ndelok kepiye rupane Mas Bara, aku ora reti dheweke lagi sedhih apa ora. Nanging menapa aku ngrasa yen Mas Bara lagi sedhih. Mas Bara lungguh ing cerakku. Suwi lungguh, Mas Bara akhire ngomong. Nanging swarane katon ora biasa. Mas Bara ameh rabi, krungu swara yen Mas Bara ameh Rabi atiku ngilu banget. Mas Bara ngomong yen dheweke di jodohake karo bapakne, nanging saka atine Mas Bara ora gelem. Nanging piye maneh, dheweke ameh dijodohake karo kanca bisnisipun bapakne. Mas Bara ora gelem amarga dheweke durung kenal lan during pernah ketemu sepisan wae.
Sakwise cerita aku dianterake karo Mas Bara ing omah, aku mikir terus. Serasa aku pengin bisa ndelok kahanane saiki kepiye. Aku pengin ndelok Mas Bara lan pit ontel sing jare uwong-uwong warnane nyleneh. Pit ontel warnane abang enom lan aku penasaran karo sing di omongake uwong menika, jare pasuryanku mirip kaya Mas Bara. Aku matur karo bapak yen aku kepengin bisa ndelok kaya mbiyen meneh.
“Na, apa pancen kowe pengin bisa ndelok meneh kaya mbiyen?” bapak matur karo nada swara kang kaget.
“Inggih Pak, kula kersa yen saged mresani malih.”
“Nduk, kowe ngerti pira biaya operasi…ora murah nduk?” bapak nyawuri karo ngunjuk kopi ing isih tak gawa.
“Pak, boten usah kawatir. Kula duwe celengan sing wis daklumpukake saka aku cilik.”
Bapak ora semaur apa-apa. Atiku malah ora kapenak karo bapak. Nanging kepiye meneh, aku pengin bisa ndelok meneh. Aku wis wegah yen bisane mek ndelok peteng kaya mbengi nanging boten wonten rembulan lan lampu. Aku ora bisa nahan rasa iki meneh. Aku wis enem belas taun ora bisa ndelok, rasane pengin bisa ndelok donya iki meneh.
Kaya-kaya aku dijunjung mabur sandhuwuring tlaga ingkang jembar. Bapak setuju yen aku di operasi wae. Nanging aku kudu nunggu bapak ingkang kundhur saka Gunung. Bapak badhe nyadekaken kebon sing wis suwi ditinggal, amarga bapak luwih seneng kerja ing kutha. Dina kuwi bapak menyang Gunung. Aku kaya biasane melu pengajian ing mesjid. Nanging sore kuwi Mas Bara ora ana kabar. Dheweke ora methuk aku mangkat pengajian. Aku mikir mungkin yen Mas Bara wis sida rabi karo uwong sing dijodohake bapakne. Seminggu ora ana kabar, aku takon marang Mas Mur, Mas Mur kuwi kanca akrabne Mas Bara kang isih melu pengajian ing mesjid.
“Mas Mur, wonten kabar saking Mas Bara boten?” Aku takon nanging isih ragu-ragu, dadi swarane rindhik banget.
“Apa Na? Kabare Bara?” semaure Mas Mur.
“Inggih Mas.”
“Nek ora salah wingi dheweke pamitan karo ketua pengurus pengajian mesjid, yen dheweke ameh rabi,” jare Mas Mur karo jupuke aku tongkat.
“Kula ngerti Mas, nanging kapan dheweke pamitan?”
“Aku lali nek kuwi, mungkin seminggu kepungkur,” jare Mas Mur nuntun aku mudhun undak-undakan mesjid.
Atiku mangkel sak wantara, rasa gela ana mergane ora pamit karo aku. Mas Bara iki wis tak anggep kanca paling cedhak karo aku. Nanging dheweke lunga ora pamit lan ngomong apa-apa. Terakhir dheweke mek ngomong yen dheweke ameh dijodohke. Suwe-suwe aku wis rada enteng. Aku ora mikir banget masalah kuwi.
Sakwise bapak kundhur saka gunung, aku langsung dibopong menyang rumah sakit. Aku sida nglakoni operasi mata. Aku ing rumah sakit semingguan, ing kana aku nglakoni rawat inap. Sakwise bali ing omah, aku nduwe rasa yen pengin ketemu lan goleki Mas Bara. Aku menyang ing mesjid takon karo Mas Mur. Mas Mur ngeterake aku tekan omahe Mas Bara. Aku saiki wis tekan ngarep omahe Mas Bara, aku mlongo yen omahe Mas Bara luwih gede saka bayangane.
Aku lan Mas Mur mencet bel ing ngarep gerbang kang dhuwur banget nganti mek weruh pelataran ngarep omahe. Suwi ora dibukake aku karo Mas Mur ameh bali. Nanging ana uwong wadon kang metu saka gerbang. Uwong kuwi nyawang aku kayata aku iki musuh bebuyutane. Aku balik nyawang, nanging embuh menapa sawangan sengit uwong kuwi mau dadi mesem. Aku lan Mas Mur diaturi mlebu omah, Aku lungguh ing sanding lawang lan Mas Mur ing sandingipun uwong wadon kuwi mau.
“Mbak sinten nggih? Wonten pirsa menapa mbak dateng mriki?” jare wong wadon kuwi.
“Oh, kula Ratna kanca pengajiane Mas Bara, kula naming badhe taken menapa Mas Bara boten tindak pengajian malih, Mas Bara apa wonten?” semaurku.
“Nyuwun pangapunten Mas Bara boten wonten ing dalem, kula garwane Mas Bara, asma kula Fitri,” jare uwong wadon kang bojone Mas Bara jenenge Fitri.
“Oh mbak Fitri menika garwanipun Mas Bara?”
“Inggih, kula garwane Mas Bara.” Jare Fitri nanging rupane wis ora sumringgah meneh.
Fitri cerita marang aku lan Mas Mur, yen Fitri iku kanca SMP-ne Mas Bara. Bapakne Fitri karo Mas Bara iku kanca bisnis. Tenyata Fitri mau nyawang aku sengit mergane ing dompete Mas Bara wonten fotoku. Bojone Mas Bara cerita akeh banget, nanging langit saya peteng, aku lan Mas Mur pamit marang mbak Fitri ameh bali. Ing dalan aku ora isa nahan tangis. Aku nangis dibonceng Mas Mur, Mas Mur sajakne padha bingunge. Dheweke ora bisa apa-apa, nanging dheweke wis nyoba gawe rasa tentram atiku.
Tekan ngarep omah, Bapak nyawang aku kang nangis. Mas Mur cerita marang Bapak. Aku ora kuat meneh, aku wis tresna marang Mas Bara. Nanging menapa Mas Bara ora pamit yen ameh lunga, ameh rabi ya ora cerita, lan ameh lunga ing Jakarta ya ora ngomong. Aku terlalu percaya omongane Mas Bara, jare dheweke ameh dijodohake karo uwong kang ora dikenal. Nanging apa buktine dheweke ngapusi aku, Fitri iku kancane SMP.
Ora kuwi sing gawe atiku serasa geter, nanging ngapa dheweke ora pamit yen ameh seda. Kuwi alasanku, aku nangis nganti sesengukan ora gara-gara lara ati ditinggal rabi Mas Bara tapi dheweke sampun seda, sakdurunge aku bisa ndelok pasuryane. Jare Fitri, Mas Bara seda amarga ditabrak truk pas ameh ngeterake pit ontel sing biasa dianggo bonceng aku. Dheweke ngeterake karo ameh pamitan menyang Jakarta, nanging amarga dheweke hindari bocah cilik ngepit ing ngarep. Mas Bara nglancangi bocah mau, nanging ana truk kang lawan arus. Mas Bara ketabrak, lan seda pas digawa ing rumah sakit.
Telung sasi kepungkur, sakwise aku saka omahe Mas Bara. Bojone Mas Bara teka goleki aku. Dheweke teka gawa pit ontel warna abang enom kang remuk. Bapak ngaturi mlebu Fitri kang didelok lagi mbobot cilik. Aku mlaku ing ngarep karo gawa wedang teh. Fitri wenehi aku surat sing ditulis Mas Bara sakdurunge seda. Surat kuwi isine aku diakon ngerumat  pit ontel abang enom kuwi mau lan ternyata aku iku sedulur kembare Mas Bara. Aku ora yakin karo surat kuwi mau, masak aku dadi sedulure Mas Bara. Nanging Bapak mesem karo aku.
“Nduk, mengkene ya, kowe ki pancen sedulur kembare Mas Bara. Bapak kuwi mung ngerumat kowe. Aku ketemu dhewekmu ing cedhak terminal. Dhewekmu dibuang kaliyan rencang ing omahe bapakmu,” jare bapak karo nyawang aku. Nanging aku ora isa nyawang balik bapak.
“Menapa pak? Kula lagi dipadhosi ingkang sampun gede?”
“Sajakne dhewekmu wis digoleki saka cilik, aku ketemu bapak lan ibumu. Nanging kuwi dhewekmu lagi saka rumah sakit lan ora bisa ndelok meneh. Bapak lan Ibumu wegah gawe beban meneh dianggo kowe. Akhire bapakmu pasrah yen kowe dakrumat wae.” Jare bapak kang isih nyawang aku kang ora gelem nyawang balik.
Aku nangis meneh, aku kaya mabur ing dhuwur tlaga meneh, tapi ing tengah tlaga aku tiba lan jegur ing kana. Bapak cerita, yen sakwise ibumu seda, bapak ketemu kaliyan bapakne kandung lan Mas Bara. Mas Bara janji sadurunge cerita dheweke pengin gawe aku seneng dhisik. Mas Bara pengin yen katresnanane Bapak lan Ibune bisa  diwenehke aku luwih akeh. Iku menapa Mas Bara wonten ing cerakku. Bapak lan Mas Bara sajakne wis kenal, sing gawe sandiwara iki ya Bapak lan Mas Bara. Aku rada gela wektu bapak cerita kaya ngana. Ternyata Mas Bara iku tresna marang aku, amarga dheweke kuwi kakang kembarku.
Aku wis tresna banget karo Mas Bara, nanging ternyata dheweke kakangku dewe. Fitri kang ana ing kana nyawang aku karo rada sedhih. Sandiwara kuwi ingkang gawe ribet urusane. Fitri pindah lungguh ing cerakku, dheweke nyawang aku lan ngelus-elus gegerku. Tangisku malah saya luber, Fitri melu-melu nangis. Bapak lunga saka panggonane mau. Aku krasa panas banget.
Aku wis ngrasa kapenak saiki. Fitri sing mau melu nangis, menehi aku amplop. Aku buka amplop kuwi. Ing jero amplop ana tulisan yen omah sing dipanggoni Mas Bara kuwi dadi hakne Aku lan Bara. Nanging Fitri ngomong, yen omah kuwi dianggo aku wae. Nanging aku nolak, amarga aku ora bisa terima hadiah ingkang gede banget. Nanging Fitri meksa yen iki wis dadi wasiate bojone. Akhire aku nampa karo nduwe rasa ora kepenak. Kayata banyu ingkang banjir, aku entuk pikiran kang apik.
Omah kang dadi hadiah dianggo aku saka Mas Bara kuwi mau, tak dadekake Yayasan dianggo uwong cacat lan yatim piatu. Yayasan menika saged beroperasi patang sasi sakwise aku nduwe rencana kuwi mau. Fitri setuju yen omah kuwi di gawe yayasan. Aku lan Fitri dadi pengurus ing yayasan kuwi.
Saiki yayasan kuwi wis maju, aku lan Fitri dadi ketua Yayasan kang jenenge Yayasan “Merah Muda”, yayasan iki nduwe logo pit ontel. Dijenengi Yayasan “Merah Muda” karo nduwe logo pit ontel amarga abang enom menika warna kesenengane Ibuku, logo pit ontel amarga mbiyen aku ketemu Mas Bara gara-gara pit ontel.
~THE END~


0 komentar:

Posting Komentar

berkunjung juga yuk!

LATEST POSTS