Sore wus sampurna katekanan wengi.Wengi kang sepi
tanpa swara. Adheme ubin wis ora dirasaake ragaku. Awakku wis ora bisa
ngrasakake sumilire angin. Daksendeake awakku ana ing tembok, dakkekep sikil
loroku kanthi rasa sedih.Aku amung bisa meneng, tanpa bisa ngucap
apa-apa.Dakpandheng sliramu.Mripatku kaya-kaya ora bisa pindhah.Dakdhelok
mripat kuwi mandeng kertas. Kertas kang tak kenal, foto kang ngelengake aku ana
ing dina kwi….
____________**______________
Sumilir angin krasa adhem nyapu kulit.Mripatku
mandheng nyawang mangalor.Nyawang pager omahku kang katon teles kekenan
udan.Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho nelesi lemah omahku.
“ Sugeng ambal warsa, Mas”. Omongku kanggo mecah
sepining wengi iki.
Pawakan lanang bagus kuwi tansah mesem lan malih
mandheng awakku. Aku uga mandheng slirane karo mesem.
“Maturnuwun”.Wangsulane cekak aos.
“Iki kadomu”.Tanganku karo ngulungake kotak kang
dibungkus karo kertsa putih kasenenganku.
“Aja dibuka”.Guyonku wektu Agung arep buka kadone.
“Matur nuwun, Dik, matur nuwun tansah gelem ngancani
sliraku seprana-sprene nganti tekan saiki”.
Sliraku kaliyan Mas Agung pancen uwis kurang luwih 2
tahun sesambungan.Senajan umurku kaliyan Mas Agung bedha adoh, nanging aku
ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Agung bisa mapanake awake. Bisa dadi kakang
kang ngerti kahanane adhine, uga bisa dadi sesandingan kang pangerten. Mas
Agung bisa menehi kasih saying kang ora bisa dakentuk saka bapak lan ibuku.
“Mas, aku uwis lulus, wis ketrima ana ing universitas
kang dikarepake marang bapak saha ibu”.
“Aku percaya sliramu bisa gawe bungae bapak lan ibu,
Dik”. Omongane Mas Agung gawe bungah atiku sing kawit wingi rada ganjel, amarga
ora bisa mlebu ana ing jurusan sing dakkarepi.
“Aku pengen gawe bangga wong tua kang wis ngangkat
aku dadi anak iki,Mas”. Wangsulanku karo mandheng adhoh ana ing langit.Mandhang
rembulan kang lekas ngetokake rupane ngilangi mendhung.
Karepku mung sepele. Mung arep gawe bungah bapak
saha ibu kang wis ngangkat aku dadi anak angkate iki. Mula kuwi dakturuti apa
kang dadi kekarepane bapak, mlebu ana ing jurusan kesehatan. Ana ing njeroning
atiku, aku kepengen mlebu ana ing jurusan liyane.Sanajan ora seneng, nanging
aku kepengen nuduhake marang sapa wae yen aku iki bocah kang “tahu diri”. Bocah
kang bisa ngerti penggalihe wong tuo.
“Aku bakal dhuweni calon, calon dokter”. Guyone
Agung gawe mantep atiku
. ____________**______________
“Aku isih nyimpen kadomu, Dik”.Panngucape lirih
kaya-kaya ngampet tangis.
“Foto iki bakal tansah ngelengake aku marang
sliramu”.
Swara lirih kuwi gugah aku saka lamunanku. Foto kuwi
pancen kado sepisan lan pungkasanku kanggo Mas Agung. Mas Agung pancen ora
gelem tak wenehi kado sing aku mesti ngetokake duwit. Jare aku iki isih
sekolah.Urung bisa ngaselake duwit dhewe.Mula kuwi dakcethak fotoku kanggo
hadiah marang Mas Agung.
Wengi san saya mrambat, pandhenganku isih tumuju ana
ing wong lanang kuwi. Dakkremes driji-drijiku dewe, ing antarane rasa adhem lan
rasa kelangan ana ing njero atiku. Saklebet aku mandheng slirane, mripat bening
kuwi tumuju ana ing salah sawijining papan.Tak dhelok kuwi undangan.Undangan
kuwi katulis jenengku. Tikaningsih Saraswati. Ana luh bening tumetes saka
mripat lorone.Aku ora kuasa mandheng slirane, ora krasa luhku mrebes mili.Angen-angenku
mabur ana ing wektu kuwi. Wektu aku ketemu karo Mas Agung kanggo sing
pungkasan.
____________**______________
“Dik aku uwis duweni calon”.Swarane lirih. Mecah
swasana sing katon bedha iki.
Atiku maktratap.Dadaku kebak sesak, ilatku ora nduweni
daya kanggo nyuwara.Ora krasa luhku netes ana ing tangan.
“Tikaningsih”.Pangucapane karo gegem tanganku.Aku
isih matung.Kaget karo kadadean iki.ora pernah kapikir ana ing angenku Mas
Agung bakal ninggalake aku kaya mangkene.
“Apa tenan Mas Agung arep nikah?.” Pitakonku rada
gemeter.Aku ngerti slirane uga abot karo pepisahan iki.
“Tika, aku ura bisa nulak kekarepane bapak, bapak
kepengen anak lanange nikah sak durunge slirane ngadep Gusti”.
“Tega”.
“Banjur aku kudu kepiye?. Aku dhewe ora gelem dadi
bocah sing durhaka marang wong tuo, Bapak uwis sepuh. Lek kepengan ndelok
putrane nikah. Aku ora bisa terus-terusan nunggu sliramu sing ora pasti. Bapak
uga ora sarujuk menawa aku karo sliramu, Dik”.
“Aku kepengen Sliramu ora nikah”.
“Nanging awak dhewe kudu ngerteni kahanan iki,
Dik”.“Sliramu bisa entuk bocah lanang kang luwih apik tinimbang aku”.
Tak pandheng slirane.Mripat kang biasane eyup
sumringah malih dadi mendhug.
“Yen ngono sliramu kudu nulak kekarepane bapak”.
“Banjur kepiye?.Apa aku kudu nglawan kekarepane
bapak?”
Yen pancen
kuwi dalan sing luwih apik kanggo tresnaku lan sliramu, kena apa sliramu ora
gelem? Apa pancen sliramu ora wani? Apa tresnamu among ing lati? Apa aku iki
among mbok dadekna papan kanggo nunggu calon sisihanmu?.
“Kena apa ora?”.
“Yen kuwi sing dadi kekarepanmu, aku oara bisa
nuruti. Aku njaluk pangapura”.
“Tega kowe Mas, kowe ora tenanan tresna karo
aku”.Pangucapku karo swara setengah gemeter.
“Aku tresna karo kowe, Dek.Nanging aku ora bisa
nerusake tetalian marang sliramu.Aku njaluk ngapura”.
“Iki laying undanganku kanggo sliramu, Dek.Aku
pengen kowe gelem ngrestuni aku”.
Aku tangi, banjur mlayu ninggalake layang undangan
lan Mas Agung tanpa pamit. Aku ora kuasa nahan luhku.Aku ora rela ditinggal
marang Mas Agung.
“Tika”.Swarane banter nyeluk aku.Nanging aku ora ngubris.
____________**______________
Aku ora kelingan apa-apa.Awakku ana ing salah
sawijining dalan kang dhowo banget kaya-kaya ora ana tembuse.Dalan kuli kabeh
putih.Aku mung bisa mlaku ora ngerti arah.Sikil iki nuntun aku embuh ana ing
ngendi.Dalan kuwi sepi.Ora ana manungsa ora ana wit-witan. Ana ing sak tengahe
aku mlaku, ana ing dalan kuwi ana cahya
kang cemlorot saka kadhoan. Cahya kuwi nyeret awakku.Saya suwe saya suwe cahya
kuwi saya cemlorot nglarani mripatku.Dakremke mripatku amarga ora
betah.Ewodhene suwe-suwe dakbuka mriptku.Aku nemoni ragaku ana ing peturon,
kebak maneka warna alat-alat kang aku ora ngerti. Bapak lan ibu kabeh padha
nangis sesenggukan. Aku ora ngerti ana kadadean apa iki?.Ngapa awakku dipasngi
alat-alat kaya mangkono?. Ngapa aku ana ing peturon kuwi, nanging aku ana neng
kene?. Ngapa kabeh padha nangis?.
Sadar ora sadar aku wis nangkene. Nangkene lungguh
ngadepi wong lanang sing paling daktresnani. Wong lanang kang sak kelinganku
isih omong-omongan marang aku sakjam mau.
“Dik, iki kabeh salahku”.
“Kabeh ora bakal kadadean kaya mangkene, nek aku ora
njaluk ketemu marang sliramu.”.“Kecelakaan kuwi ora bakal tok alami,
Dek”.Swarane Mas Agung gemeter ora kuat nahan nangis meneh.
“Mas, iki kabeh udu salahmu”.“Iki kabeh pancen uwis
suratan”.
Aku sadar wektuku uwis ora suwe. Gusti Kang Maha
Agung wis nimbali aku bali. Bali marang
omah sing saktenane. Ana ing wektuku sing saya suwe saya sethitik iki aku arep
ngucapake, maturnuwun marang sliramu kang uwis sabar ngadepi sliraku lan..
“Mas, dakrestui sliramu sesandingan marang slirane”.
“Aku rela, sliramu bakale nikah”.Nanging ana ing
njero atiku.Aku isih tresna marang sliramu.Aku mangerti tresna kuwi ora kudu
dhuweni.
“Mugi-mugi sliramu tansah kebak kebahagian”. “aku
rela, aku rela Mas lan karo iki aku pamit”.
____________**______________
21-12-2012
0 komentar:
Posting Komentar